Urip Ela-Elu Kuwi Aman….Ning Bener Lan Orane Yo Embuh….

 

Yen rame wong nangis trus kowe ngguya ngguyu… mesti dikiro ora tenggang rasa

Yen rame wong ngguyu trus kowe nangis ngguguk..mesti kowe digawe bahan guyonan

Yen rame wong nesu trus kowe sabar…mesti kowe ming dikiro ra duwe nyali

Yen rame wong sabar trus kowe nesu…mesti kowe dianggep brangasan

 

Mulane…

yen ono wong nangis yo nangis-o,

yen ono wong ngguyu yo ngguyu-o,

yen ono wong nesu yo nesu-o,

yen ono wong sabar yo minimal ethok2 sabar lah….

aman uripmu.suwerrr…

lha matimu?

 

Yo embuh…. sing ngerti barang sìng ra ketok ki ming Sing Kuwasa…. hehehe…

Leave a Reply

Your email address will not be published.